Skip Navigation

DVD Ilustrado Multilíngue

The Biology of Prenatal Development




PERKEMBANGAN NANG NJERO RAHIM SAK DURUNGE KELAHIRAN

.Basa Jawa [Javanese]


 

Baixar Versão em PDF  O Que é PDF?
 

Desenvolvimento Embrionário: 4 a 6 Semanas

Capítulo 11   4 Semanas: Líquido Amniótico

Kiro - kiro 4 minggu bagian amnion sing jernih kuwi sekelilinge embrio nang kantong sing isine cairan. Cairan sing bersih kuwi, dijenengake cairan amniotik, sing fungsine yaiku nglindungi embrio soko luka-luka.

Capítulo 12   O Coração em Ação

Jantung biasane berdetak kiro-kiro ping 113 tiap menit

Saiki bagian jantung berubah warnane wektu darah mlebu-metu soko kamar-kamar jantung menurut detake.

Jantung berdetak kiro-kiro ping 54 juta sak durunge si jabang bayi lahir lan luwih soko ping 3,2 milyar sak jamane wong urip sing umure kiro-kiro 80 taun.

Capítulo 13   O Crescimento do Cérebro

Perkembangane otak sing cepet kuwi iso didelok soko bagian otak ngarep, otak tengah, lan otak mburi.

Capítulo 14   Brotos dos Membros

Bagian nduwur lan ngisor soko awite manungsa mulai berkembang sak wayahe terbentuke bagian- bagian kiro-kiro umur 4 minggu

Pas bagian kuwi bentuke kulit jernih alias transparan sebabe mung ono sak sel sing tipis bagiane.

Sak wayahe bagian kulit dadi tebel bagian kuwi ora transparan maneh, sing artine awake dhewe iso ndelok bagian jero manungsa mung nganti umur sewulan.

Capítulo 15   5 Semanas: Hemisférios Cerebrais

Antarane nganti 5 minggu, bagian otak mulai berkembang cepet lan dibagi dadi 5 bagian sing bedho-bedho fungsine.

Bagian sirah iki kiro-kiro gedhene 1/3 soko bagian embrio.

Bagian-bagian bunderan otak mulai muncul, terus alon - alon dadi bagian-bagian utama nang otak.

Bunderan otak kuwi terus ngontrol fungsi - fungsi termasuk kemampuan mikir, sinau, ngeling-eling, ngomong, ndelok, ngrungongake, kemampuan gerak, lan kemampuan ngatasi masalah.

Capítulo 16   Vias Respiratórias Principais

Nang sistem pernafasan, muncul bagian kiwo lan tengen soko bagian paru-paru sing terus nyambungake bagain bagian trakea, utawa pipo angin, karo bagian paru-paru.

Capítulo 17   Fígado e Rins

Perhatekake bagian liver ngisi bagian weteng nang cedhake bagian jantung sing berdetak.

Bagian ginjal sing permanen muncul kiro-kiro 5 minggu.

Capítulo 18   Saco Vitelino e Células Germinativas

Kantong pangan isine yaiku sel- sel awal sing sifate reproduktif sing disebut sel germ utawa sel asal. Kiro-kiro 5 minggu sel-sel germ iki pindah dadi organ-organ sing sifate reproduktif alias iso berkembang-biak nang cedhake ginjal.

Capítulo 19   Placas da Mão e Cartilagem

Kiro-kiro suwene 5 minggu kuwi, muncul bagian - bagian tangan si embrio, lan bagian kartilage muncul kiro-kiro pas umur 5 1/2 minggu.

Iki bagian telapak tangan kiwo muncul pergelangan tangan pas umur 5 minggu lan 6 dino.