| |
O Período Fetal (8 semanas até o Nascimento)
Capítulo 37 9 Semanas: Engole, Suspira e se Estica
|
| |
| Tahape fetal mulai nganti
wektune babaran.
|
| Pas umur 9 minggu, si jabang
bayi mulai ngemut jempole
lan si jabang bayi utawa fetus kuwi
mulai iso ngelek cairan amniotik.
|
| Fetus kuwi yo mulai iso nggegem,
lan nggerakake sirahe nang
ngarep lang nang mburi,
buka lan nutup rahange, nggerakake
ilate, lan napas.
Saraf nang bagian raup, bagian
telapak tangan,
lan bagian telapak kaki
mulai ngerasake cahaya.
"Nanggepi cahaya sing nyentuh
telapak kaki,"
si fetus nekuk pinggang lan
dengkule lan driji-driji sikile.
|
| Kelopak matane nutup.
|
| Nang bagian laring, muncul
Otot - otot suara
sing nandakake berkembange
jalur dinggo suara.
|
| Nang fetus jenis kelamin wadon,
bagian uterus iso didelok
lan sel-sel kembang biak sing
dijenengake oogonia,
berkembang-biak nang
njero ovari.
Bagian kelamin mulai munculake
tondo perbedaan
antarane jenis kelamin lanang
karo wadon.
|
Capítulo 38 10 Semanas: Revira os olhos e Boceja, Unhas e Impressões Digitais
|
| |
| Perkembangan sing cepet pas
umur 9 lan 10 minggu kuwi
nambahi bobote awak si fetus
nganti luwih soko 75%.
|
| Pas umur 10 minggu, perkembangan
nang bagian nduwur kelopak mata
ngakibatke bunderane
mata nggeser mudhun.
Si fetus mulai mbuka lan
nutup bagian cangkeme.
|
| Fetus - fetus umume ngemut
jempol tengene.
Bagian - bagiane intestin sing
ono nang jalur umbilikal
mbalik papane nang bagiane
weteng sing kosong
|
| Nang bagian - bagian tulang,
osifikasi mulai muncul.
|
| Kuku - kuku nang driji tangan
lan sikil mulai berkembang.
|
| Sidik jari mulai muncul 10
minggu sakwise pembuahan mulai.
Sidik jari iki sifate beda-beda lan
dadi tondo sak umur uripe manungsa .
|
Capítulo 39 11 Semanas: Absorve Glicose e Água
|
| |
| Kiro-kiro pas umur 11 minggu
bagian irung lan lambe
wis kebentuk kabeh.
Podho karo kedaden nang
bagian-bagian awak liyane
irung lan lambe kuwi terus
berkembang nurut karo umure
si manungsa kuwi.
|
| Bagian intestin mulai nyerep
glukosa lan banyu
sing terus dielek karo si fetus.
|
| Jenis kelamin kuwi sakjane
wis ditentukake
pas pembuahan,
mung pas umur iki alat kelamin
iso dibedakake
antarane lanang karo wadon.
|