| |
Capítulo 40 3 a 4 Meses (12 a 16 Semanas): Papilas Gustativas, Movimento de Mandíbula, Reflexo de Sucção, Percepção dos Primeiros Movimentos do Feto
|
| |
| Antarane 11 minggu lan 12 minggu,
bobote si fetus nambah
kiro-kiro 60%.
Umur 12 minggu kuwi
nandakake sepertelune,
utawa triwulan pertamane
jamane si ibu bobotan.
|
| Nang bagian njero cangkem
mulai muncul rasa khusus.
|
| Pas si bayi lahir, rasa
khusus kuwi
tinggal ono nang bagian ilat
lan bagian nduwur njero cangkem.
|
| Gerakan nekuk awak mulai
muncul pas umur 12 minggu
terus nekuk kiro-kiro nganti
6 minggu.
Banyu pertama sing dibuang karo
si fetus lan si jabang bayi
kuwi dijenengake mekonium.
Sing isine yaiku
enzim - enzim pencernaan,
protein lan sel-sel sing mati,
sing dibuang karo sistem pencernaan.
|
| Pas umur 12 minggu,
bagian nduwur awak
berkembang dadi ukuran
awake manungsa.
Bagian ngisor berkembang
luwih alon
nanti ukurane dadi
ukurane manungsa.
|
| Pas umur iki, mung bagian geger
karo nduwur sirah
sing ora nanggepi sentuhane
cahaya sing ngenani awak.
|
| Pas umur iku perkembangan
mulai beda
antarane jenis kelamin
lanang lan wadon.
Misale, fetus wadon
nggerakake rahange
luwih sering soko fetus lanang.
|
| Menawa nang gambar sakdurunge iki
tanggepane awak bedo
sentuhan nang cedhak mulut
ngakibatake
gerakan mengarep lan bagian
cangkem mbukak.
Tanggepan iki dijenengake
"refleksi ruting"
lan gunane pas si bayi wis lahir,
mbantu si bayi nemokake putting
susu si ibu
pas si ibu menyusui.
|
| Bagian raup terus berkembang
soale lemak-lemak terus
ngisi bagian pipi
lan bagian untu yo berkembang.
|
| Pas umur 15 minggu, sel -sel
sing mbentuk getih mulai muncul
lan berkembang nang bagian
tulang utama.
Sel-sel darah biasane dibentuk
nang bagian iki.
|
| Embrio kuwi mulai gerak
pas umur 6 minggu,
mung si ibu ngrasakake
gerakan kuwi
pas umur antarane 14 lan 18 minggu.
Biasane tahap iki disebut
tahap nyepetake.
|