| |
Capítulo 43 5 a 6 Meses (20 a 24 Semanas): Responde ao Som; Cabelo e Pele; Idade de Viabilidade
|
| |
| Pas umur 24 minggu
kelopak mata mbukak
lan si fetus mulai iso
ngedipake mata.
Tanggepan nang suara - suara
sing ngagetake lan banter
muncul luwih dhisik nang bayi
wadon ketimbang bayi lanang.
|
| Mung wae hasil penelitiane
dokter nyebutake
menawa suara-suara banter kuwi
iso ngrusak kesehatan si fetus.
Conto akibate yaiku
detak jantunge dadi luwih cepet,
si fetus ngelek banyu luwih akeh,
lan tingkahe dadi berubah.
Tambah suwe biso dadi si fetus
kelangan kemampuan pangrungonane.
|
| Detak jantung si fetus
iso terus munggah
dadi ping 44 tarik napas - keluar
napas tiap menite.
|
| Pas catur wulan ketelu
jaman bobotan kuwi,
otake si bayi berkembang cepet
lan mbutuhake 50% saka tenaga
sing dibutuhake kanggo uripe
si fetus.
Berate otak mulai nambah
antara 400 nganti 500 %.
|
| Pas umur 26 minggu bagian
mata mulai ngasilake banyu.
Bagian mata kuwi mulai nanggepi
cahaya pas umur 27 minggu.
Tanggepan kuwi fungsine ngatur
jumlah cahaya
sing iso nyampe nang retina
sak uripe si manungsa kuwi.
|
| Bagian - bagian sing dibutuhake
kanggo ngambu - ngambu yo
mulai muncul.
Penelitian nang bayi-bayi prematur
nunjukake nek bayi-bayi kuwi
wis iso ngambu
pas umur 26 minggu
pas tahap pembuahan.
Menawa nang cairan amniotik
kuwi diwenehi rasa legi
si fetus ngelek cairan
luwih akeh.
Kebalikane, si fetus ngelek
luwih sithik
menawa cairane diwenehi
rasa pait.
Tanggepan rasa legi pait kuwi
yo kethok nang raupe si bayi.
|
| Si fetus nggerakake sikil
kaya-kaya sikile mlaku
dinggo nggulingake awake.
|
| Tekukan nang awake si bayi
tambah suwe tambah kurang
jalaran lemak-lemak terus ngisi
bagian ngisor kulite si bayi.
Lemak kuwi yo duwe fungsi
penting njogo suhu awak
lan nyimpen tenaga sakwise
si bayi lahir.
|
Capítulo 44 7 a 8 Meses (28 a 32 Semanas): Discriminação de Sons, Estados Comportamentais
|
| |
| Pas umur 28 minggu si bayi
wis mulai iso mbedakake
suara banter karo suara alus.
|
| Pas umur 30 minggu, nafase si
jabang bayi mulai teratur
kiro - kiro 30 nganti 40%
wektune nang rata-ratane bayi.
|
| Pas 4 wulan terakhir
tahap bobotan,
si fetus nunjukake anane
wektu-wektu sing aktif
diselingi karo wektu-wektu
istirahat.
Prilaku kuwi nunjukake
makin rumite perkembangane
sistem saraf utamane si bayi.
|
Capítulo 45 Os Membros e a Pele
|
| |
| Kiro-kiro 32 minggu
bagian alveoli,
utawa sel-sel "kantong" udara,
mulai berkembang nang paru-paru.
Bagian-bagian iki terus berkembang
nganti umure si anak 8 tahun.
|
| Pas umur 35 minggu si fetus mulai
duwe pegangan tangan sing kuat.
|
| Kebiaasane si fetus ngelek
bahan-bahan tertentu
nentukake kecenderungane milih
rasa tertentu sakwise lahir.
Misale, fetus-fetus sing ibune
mangan anis,
yaiku bahan sing ana
rasa likorit,
nunjukake kecenderungan
mangan anis sak wise lahir.
Biasane bayi lahir sing ora
tau nerima anis ora seneng anis.
|
Capítulo 46 9 Meses até o Nascimento (36 Semanas até o Nascimento)
|
| |
| Si fetus mulai dilahirake
carane yaiku ngethokake
hormon estrogen
lan mulai ganti proses saka
fetus dadi bayi anyar.
Babarane si bayi dimulai karo
tekanan kontraksi nang uterus,
sing ngakibatake si bayi metu.
|
| Kesimpulane saka pembuahan
nganti kelahiran sak teruse,
Perkembangane manungsa kuwi
dinamik, terus-menerus lan rumit.
Penemuan-penemuan anyar
masalah proses iki
nunjukake arti pentinge
perkembangan si fetus
kanggo uripe sak wise lahir.
Podho karo pengetahuane awake dhewe
masalah perkembangan awal manungsa
kemampuane awake dhewe yo terus
berkembang dinggo njaga kesehatan -
sak durunge lan sak wise kelahiran.
|